PIYE JAAL !!! - kisah ( lagu ) ketika seorang tkw telah sukses menjadi artis lalu melupakan keluarga di rumah .



PIYE JAAL.....!!
Cipt . Nogling S


Piye jaal..... rumangsamu po penak  ,
Ngumbah popok  , masak sambi momong anak
Mikir kowe  awakku kok malah rusak
Di tinggal bojo sirahku  tambah koplak .......( moncrooooott..!! )

Payee  jaal.... rumangsamu po penak
Wis dadi artis  saiki  kowe selak
Ra ngakoni  duwe bojo  duwe anak
Mulih – mulih kowe malah  jaluk talaak ...( edyaaaan !!)

Rff :
Neng Taiwan  pamitmu  golek kerjaan
Ning nyatane  mulihmu  gowo  lanangan
Wis dadi artis , wis dadi bintang iklan
Ra eling biyen neng ndeso  dha tangisan

Saikine  uripmu  jan puuenaaak tenan
Omah megah  , mobil mewah  keturutan
Ngalor – ngidul  di puji di gadang – gadang
 Aku karo anakmu  mbok terlantarkan

Piye  jaaal...... rumangsamu po penak
Bareng  mulyo  kowe banjur  mulangsarak
Opo  kowe ra wedi  sumpahe  emak
Ra payu manggung  kowe  mulih nang jaraaak ....( piyeeee...jaaal...!!)





Komentar

Postingan Populer